Kkakdugi

Ggakdugi iku kimchi kang digawé saka lobak (daikon) (hangul: 무, mu), dikethok kothak-kothak. Kaya déné kimchi sawi putih, ggakdugi kalebu salah siji jinising banchan kang kawentar.

Lobak diwènèhi bumbu campuran kaya ta uyah, bubuk lombok, loncang, lan jaé.[1] Bar iku lobak disimpen ning jerone guci gedhé (sinebut jangdok utawa onggi). Suwéné disimpen ana rong minggu ing papan panggon fermentasiné adem lan garing[2] . Ggakdugi disuguhaké yèn lobaké isih garing. Yèn kesuwèn anggoné nyimpen, lobak bakal dadi kalumen.

Salah siji jinising ggakdugi digawé nganggo imbuhan saewoo jeot lan tiram. Panganan iki racaké digawé ing mangsa Seollal (Tahun Baru Koréa) kang kalebu olahan khas Jeju lan kutha Seoul.[3]

  1. Brief information about ggakdugi Archived 2006-11-24 at the Wayback Machine.[1] Archived 2006-11-24 at the Wayback Machine. from surat kabar Munhwa Ilbo Kimchi EXPO 2007 Archived 2007-09-27 at the Wayback Machine.
  2. Brief information about ggakdugi Archived 2006-11-24 at the Wayback Machine.[2] Archived 2006-11-24 at the Wayback Machine., surat kabar Munhwa Ilbo Kimchi EXPO 2007 Archived 2007-09-27 at the Wayback Machine.
  3. Doosan Encyber http://100.naver.com/100.nhn?docid=800799(kor)[pranala mati permanèn]

Developed by StudentB